Jumat, 05 Mei 2017

Materi Sesorah Basa Jawa lan Tuladhanipun

Pengertian

            Sesorah utawa pidhato utawa tanggap wacana ya iku njlentrehaké idhe utawa pokok pikiran kanthi wujud tembung- tembung kang diucapaké marang wong akéh. Tujuan lan isi tanggap wacana utawa pidhato iku werna- werna, ana kang tujuane kanggo menéhi hiburan, menéhi informasi, utawa ajak- ajak marang kang rungokaké supaya nindaki apa kang dikarepaké pemicara. Priyantun ingkang sesorah kasebut pamedhar sabda.


Jinis-jinising sesorah :
      1.      Sesorah miturut ancase (tujuan) :
                  ·         Menehi informasi / pemanggih.
                  ·         Menehi panglipur.
                  ·         Kanggo pangajak-ajak.
      2.      Miturut kahanane sesorah :
                  ·         Sesorah resmi.
                  ·         Sesorah setengah resmi.
                  ·         Sesorah ora resmi.
      3.      Miturut pendekatan isine sesorah :
                  ·         Sesorah intelektual.
                  ·         Sesorah moral.

Bab-bab kang digatekake nalika sesorah :
                  1.      Nyiapake underan / tema sesorah.
                  2.      Nyiutake tema dadi irah-irahan (judul).
                  3.      Naliti kahanan pamiarsa.
                  4.      Ndamel cengkorongan / kerangka sesorah.
                  5.      Nemtokake ancase / tujuane sesorah.
                  6.      Ngempalake bahan sesorah.
                  7.      Ngembangake / ngrembaakake cengkorongan.
                  8.      Gladhen sesorah.


 Rantamaning Sesorah / Cengkorongan / Kerangka sesorah :
                                 1.            Salam pambuka
                                  2.            Purwaka (pambuka)
                                                                                 a.            Atur pakurmatan (marang wong sing rawuh)
                                                                                 b.            Atur puji syukur marang Gusti
                                                                                 c.            Atur panuwun marang para rawuh sarta ingkang mbiyantu lampahing adicara
                                   3.            Isi / Surasa / Wos
            Uderaing bab ingkang dipunwedharaken.
                                    4.            Dudutan / Ringkesan / Simpulan
            Intisarinipun wedharan
                                 5.            Pengarep-arep /Pangajeng-ajeng
            Bab-bab ingkang dipunkajengaken dening ingkang nindakaken sesorah dhumateng            ingkang mireng
                                 6.            Panutup (wusana)
            Atur panuwun saha atur nyuwun pangaksami anggenipun nindakaken jejibahan
                                 7.            Salam panutup


Metode-metode sesorah :
               1.            Metode naskah / teks
Yaiku sesorah kang ditindakake kanthi maca teks.
               2.            Metode apalan
Yaiku sesorah sing ditindakake kanthi apalan saka teks sing wis digawe sadurunge.
               3.            Metode pandom lajer / eksemporan
Yaiku sesorah sing ditindakake kanthi nggawa cathetan cilik (lajering sesorah).
               4.            Metode impromptu (dadakan)
Yaiku sesorah sing ditindakake kanthi dadakan utawi ora ana persiapan sadurunge.


Tuladha Teks Sesorah

NJAGI KEBERSIHAN LINGKUNGAN



Assalamualaikum Wr. Wb.
Dhumateng Bapak Kepala Sekolah ingkang kulo hormati
Dhumateng Bapak lan Ibu guru ingkang ugi kulo hormati
Lan dhumateng rencang sedaya ingkang kulo tresnani

Hadirin ingkang tansah kulo hormati
Monggo kita sesarengan ngunjukake puja lan puji syukur marang  Gusti ingkang murbeng dhumadi inggih punika Allah SWT. Amargi sampun maringi berkah, rahmat lan karunia dhumateng kita sedaya. Sahengga kita sedaya tansah pinaringan selamet wilujeng mbonten kirang satunggal menopo lan saged makempal wonten ing wekdal puniko sesarengan kanti sehat wal afiat.
Sumonggo sareng-sareng kita ngaturaken sholawat serta salam dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita antu-antu syafaat wonten ing ndonyo lan mbenjang wonten ing akhirat.

Hadirin ingkang kulo muliaaken
Kebersihan puniko sebagian saking iman, mulo puniko kita sedaya perlu njagi kebersihan, ketertiban, supados sedaya tansah ketingal indah lan asri. Sahenggo saged damel ayem tentrem wonten ing manah. Kita sedaya ugi kedah sadar lingkungan, amargi lingkungan punika panggenan kangge kita sedaya nggantungaken urip. Kita sedaya kedah njagi lingkungan sak sae-saenipun supados bumi ngasilaken keuntungan kangge kita sanes kerugian utawi bencana kangge kita.

Hadirin ingkang kulo tresnani
Salah sasawijining cara lingkungan mboten maringi bencanan kangge kita inggih punika njagi kebersihan lingkungan. Tegesipun kebersihan lingkungan ingkang salerese inggih punika lingkungan kang layak kangge dipanggoni manungsa lan kesehatan manungsa saged terjaga. Amarginipun punika, kita sedaya kedah njagi kebersihan lingkungan supados nyiptakaken urip ingkang aman lan sejahtera
Hadirin ingkang kulo hormati
Njagi kebersihan lingkungan punika cara kang becik kangge nyegah penyakit-penyakit ingkang ngintai ing musim udan kados sak punika. Njagi kebersihan lingkungan saged diwiwiti saking ngresiki sekolah ingkang kita tresnani. Menawi sekolah kita resik tiang sanes mboten sungkan kangge nyontoh kabiasaan becik kita sedaya. Dampak positif njagi kebersihan sekolah inggih punika kagiatan belajar mengajar dados nyaman amargi lingkunganipun resik.
Intinipun kita sedaya kedah njagi kebersihan lingkungan supados lingkungan kita katingal indah lan kesehatan kita terjaga.

Cekap sementen ingkang saged kula aturaken, mbok bilih wonten klenta-klentunipun kulo nyuwun pangampunten.
Wassalamualaikum Wr. Wb.

Link Download Contoh Sesorah



Pustaka


https://jv.wikipedia.org/wiki/Sesorah
http://irwantoadi926.blogspot.co.id/2016/01/sesorah-yaiku-materi-basa-jawa.html
http://syaqata04.blogspot.co.id/2015/03/pidato-bahasa-jawa-kebersihan.html

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

CERKAK

Top of Form Bottom of Form CERITA CEKAK (CERKAK) A.          Pangertosan Cerkak Cerita cekak utawi ingkang asring k...