Selasa, 23 Mei 2017

CERKAK



Top of Form
Bottom of Form
CERITA CEKAK
(CERKAK)

A.         Pangertosan Cerkak

Cerita cekak utawi ingkang asring kacekak “Cerkak”, punika salah satunggaling wujud prosa naratif fiktif. Amargi cekakipun cerkak-cerkak ingkang sukses ngandelaken teknik-teknik sastra kados dene tokoh, plot, tema, basa saha insightkanthi langkung wiyar tinimbang karya fiksi ingkang langkung panjang.
Miturut sujarahipun cerkak punika wiwitanipun saking tradhisi cariyos lisan ingkang misuwur.
Cerita cekak limrahipun kirang kompleks  tinimbang novel. Cerkak ingkang limrah cariyosipun namung kadadosan saking setunggal pragmen/adegan, gadhah setunggal plot utawi alur, setting ingkang tunggal, cacahing para ugi winates, cakupan wekdalipun ugi cekak. Menawi kawujudaken cariyos ingkang langsung wiyar, cariyosipun gadhah suraos tartamtu saking struktur dramatis, inggih punika Eksposisi (ingkang nglantaraken setting, wekdal saha paraga baku), Komplikasi (kadadosan ing salebeting cariyos ingkang nepangaken konflik), krisis (wekdal ingkang nemtokaken paraga baku anggenipun tumindak rikala ngadhepi konflik), klimaks (punjering cariyos ingkang dados perangan ingkang wigati piyambak)lan wasana (peranganing cariyos rikala konflik saged karampungaken).

B.          Unsur-unsur Cerkak

Cerkak nggadhahi kalih unsur, inggih punika :
1.    Unsur Instrinsik
Unsur intrinsik inggih punika unsur ingkang wonten ing salebeting cerkak piyambak. Ingkang kaleber unsur intrinsic inggih punika :
a.         Tema inggih punika underaning cariyos ingkang dipunpitados saha dipundadosaken underaning cariyos.
b.        Latar inggih punika panggenan, wekdal, swasana ingkang wonten ing salebetipun cerkak. Cariyos punika kedah cetha, wonten pundi kadadosanipun, wekdal kadadosanipun saha swasana sarta kawontenan rikala kadadosan kasebat kalampahan.
c.         Alur (plot) inggih punika reroncening kadadosan ingkang wonten ing salebeting cariyos. Alur kaperang dados 3 inggih punika :
1)   Alur maju inggih punika reroncening kadadosan ingkang urutanipun manut kaliyan urutaning wekdal kadadosan ingkang wonten ing cariyos utawi cariyosipun tansah lumampah majeng.
2)   Alur mundur inggih punika reroncening kadadosan ingkang urutanipun kadadosan boten miturut urutan wekdal kadadosan utawi cariyos ingkang lampahipun mundur.
3)   Alur campuran inggih punika campuran antawisipun alur maju kaliyan alur mundur.
Alur kaperang dados pinten-pinten tataran, inggih punika :
1)   Pangantar inggih punika perangan cariyos ingkang awujud gegambaran wekdal, panggenan saha kadadosan ingkang wonten ing wiwitanipun cariyos.
2)   Wiwitaning perkawis inggih punika peranganing cariyos ingkang minangka gegambaran prekawis ingkang dipunadhepi dening paraga cariyos.
3)   Klimaks inggih punika prekawis ingkang wonten ing cariyos ingkang minangka undering cariyos.
4)   Anti klimaks inggih punika prekawis sekedhik mbaka sekedhik sampun saged dipunlampahi, raos sumelang ugi sampun wiwit ical.
5)   Resolusi inggih punika prekawis sampun saged karampungaken.
d.        Watak inggih punika gegambaran watak utawa karakter paraga-paraga ingkang wonten ing cariyos, bab watak punika saged dipuntingali saking tigang aspek inggih punika :
1)   Pacelathon paraga
2)   Gegambaraning paraga
3)   Gegambaraning blegeripun paraga
Kangge gambaraken watak wantuning setunggaling paraga, panyerat limrahipun ngginakaken teknik :
1)   Teknik analitik, watak wantuning paraga kagambaraken kanthi langsung dening panyerat.
2)   Teknik dramatik, watak wantuning paraga kagambaraken kanthi :
a)        Nggambaraken bab badan saha tindak tandukipun
b)        Nggambaraken lingkungan gesangipun paraga
c)        Basa ingkang kaginakaken paraga
d)       Cara anggenipun mikir saking paraga
e)        Cara wontenipun paraga sanes
e.         Nilai (amanat)/ piwulang luhur inggih punika piweling ingkang badhe kaaturaken dening panganggit lumantar cariyos utawi piwulang ingkang badhe kaparingaken dhateng soksintena ingkang purun mais cariyos dening panyerat.
f.          Cara panyerat nyariosaken (sudut pandang) inggih punika kalenggahanipun panyerat rikala nyariosaken. Sudut pandang punika wosipun kapantha dados kalih, inggih punika :
1)   Minangka tiyang ingkang kapisan, panyerat ndherek minangka paraga ing cariyos ingkang kacariyosaken.
2)   Minangka tiyang kaping tiga, panyerat minangka dhalang ing cariyosipun.
g.    Gaya bahasa/lelewaning basa
2.    Unsur Ekstrinsik
Unsur ekstrinsik inggih punika unsur-unsur ingkang wontenipun ing sanjawinipun cariyos, ananging gadhah pangaribawa ingkang boten langsung ing cariyos punika. Unsur ekstrinsik punika :
a.         Nilai-nilai ing salebetipun cariyos (agami, kabudayan, politik, ekonomi)
b.         Latar belakang gesangipun panganggit.
c.         Kahanan sosial rikala cariyos dipundamel.
Nemtokaken punapa ingkang saged dipundadosaken titikan anggenipun milih cerkak saking wujud cariyos fiksi sanesipun ingkang langkung panjang taksih dados pirembagan para sastrawan. Salah satunggaling teges saking cerkak inggih punika kedah saged dipunwaos ngantos rampung ing satunggaling wekdal rikalanipun lelenggahan. Teges-teges sanesipun nyebutake cekak saha panjangipun saged katingal saking cacahipun tembung-tembungipun inggih punika 7.500 tembung.
C.      Caranipun Damel Cerkak
1.    Angen-angen pengalaman ingkang sampun kalampahan. Lajeng pados tema ingkang trep kaliyan pemanggihipun piyambak.
2.    Damel cengkorongan (kerangka) cerkak.
3.    Mekaraken cengkorongan dados cerkak.
4.    Ingkang perlu dipungatosaken inggih punika :
a.    Kedah wonten prekawis
b.   Wonten permasalahanipun (konflik)
c.    Wonten endingipun (anti klimak)
D.      Bedanipun cerkak kaliyan novel
No
Cerkak
Novel
1
Cariyosipun cekak
Cariyosipun dawa
2
Perkawis ingkang dicariyosaken setunggal
Perkawis ingkang dicariyosaken luwih saking setunggal
3
Cacahipun paraga sekedhik/winates
Cacahipun paraga kathah
4
Cacahing tembung antara 1.000-20.000
Cacahipun tembung luwing saka 20.000

E.       Tuladha

SANDAL ANYAR
          Ing pasar adhine Eka ngrengek njaluk sandal anyar. Sandale adhine emang wis bodol lan wis ora ana rupane. Adhine Eka jenenge Rina,sing umure 5 taun. Eka sayang banget karo adhine, merga iku adhine siji-sijine. Eka saking keluarga sing ora mampu, bapake mung kerja dadi  buruh bangunan lan ibune dadi tukang ngumbai ing desane.
 “Mba tukokake sandal sing werna pink iku loh, ketone apik temen,” njaluke Rina sing arep nangis.
“Mba ora duwe duwit,Rin. Kiye duwite arep nggo tuku sayur tok,” jawabe Eka sing melas karo adhine.
          Senajan ora ditukokke Rina tetep meneng nerima. Bocah cilik kuwe wis ngerti angger kehidupane rekasa, nggo mangan bae kurang apa maning tuku sandal.
          Sewise saking pasar lan tuku sayuran Eka bali menyang omahe sing kaya gubuk tapi tetep rapi angger disawang, amarga Eka bocah sing sregepan lan manutan. Omahe saking pring sing dianyam lan atepe wis pada rapuh dipangan rayap, nanging ngarep omahe akeh wit kembang sing pada mekar.
          Senajan Eka saking keluarga sing ora  mampu, nanging bapake pingin Eka dadi wong sukses lan pingin nyekolahke nganti perguruan tinggi. Bapake ora kecewa amarga Eka termasuk siswa sing pinter ing sekolahane. Wengine pas Eka arep sinau lan bapake sing nembe bali kerja mereki Eka.
“Ka, kowe harus dadi  wong sing berguna lan ngelebihi bapak sing mung dadi buruh bangunan,” ngendikane bapake Eka.
“Nggih pak,kula ajeng usaha,”
          Esuk-esuk sing atis banget Eka wis tangi lan nyiapake sepeda sing arep dienggo neng sekolah. Eka nguja mangkat esuk merga Eka arep melu lomba Cerdas Cermat sing dianakake SMA. Sewise siap Eka pamitan karo wong tuwane.
 “Pak, Bu, kula badhe manggat rumiyin. Moga-moga kula saged dados juara lomba lan saget mundut sandal kangge Rina,” pamitane Eka karo jabattangan wong tuwane.
“Ya, Amin. Ati-ati ya Ka,” ngendikane bapake.
“Mba, mengko tuku sandal ya?”adhine sing sumringah ngerti angger arep ditukokke sandal anyar.
          Tibaning sekolahan Eka deg-degan amargi sekolahane wis rame lan ana peserta liya sekolah. Ing sekolah uga dipasang umbul-umbul werna-werni, tembok sekolah wis dicet werna orange sing apik.
          Ing lomba Eka bisa njawab soal sing diwacakake dewan juri nganti bener. Kiye wektune pengumuman juara ,ternyata sing oleh  juara 1 kuwe Eka. Eka langsung nerima piala karo amplop sing isine piagam ditambah duwit pembinaan. Eka bali menyang omah karo sumringah gole ngonthel sepedane.
“Assalamualaikum. Bu,pak.”
“Wa’alaikum salam, ana apa Ka?”pitakone ibune Eka.
“Bu, kula nrima juara 1 lan Rina bakal duwe sandal anyar.”
“Alhamdulilah,Ka. Anake Ibune pinter temen. Ibune tambah sayang maring kowe.”ngendikane ibune sing sumringah lan bangga.
           Sore-sore,sewise ganti klambi Eka ngajak Rina adhine menyang pasar tuku sandal anyar.
“Tuku sandal sing werna apa Rin?” pitakone Eka maring adhine.
“Sing werna pink mba!”
          Langsung bae Eka tuku sandal sing dipingini adhine. Ing jero atine Eka lega merga  wis bisa nuruti kepinginan adhine ngganggo jerih payahe dewek.
“Matur nuwun ya mba.”
          Atine Eka tambah bungah.


Pustaka :
http://muhammadalifinsetiaji.blogspot.co.id/2014/09/contoh-cerkak-beserta-unsur-intrinsik.html

LKS Bahasa Jawa Kelas XI Semester 2


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

CERKAK

Top of Form Bottom of Form CERITA CEKAK (CERKAK) A.          Pangertosan Cerkak Cerita cekak utawi ingkang asring k...