Gamelan miturut Baoesastra Djawa
W.J.S Poerwadarminta inggih punika arane tetabuhan kang rericikane akeh banget.
Bahan ingkang biasane dinggo gawe gamelan arup perunggu utawa gangsa (campuran
tembaga lan timahsari), kuningan saha barut (wesi lan plat).
Gamelan iku salah sijiné seni musik tetabuhan tradhisional aseli saka Indonésia utamané ing pulo Jawa, Madura, Bali lan Lombok.Tembung gamelan dhéwé iku asalé saka basa Jawayaiku "gamel" kang duwé makna "tabuh".Isi gamelan
iku saprangkat piranti
musik sing dienggo
ngiringi tembang, utawa ditabuh tanpa tembang minangka klenèngan. Jinis musik iki
kasebar nganti tekan pulo-pulo ing saindenging tlatah Nusantara lan saiki malah
wis kasebar rata nganti Amérika, Éropah lan tlatah liyané.Jinis musik tradhisional liya sing mèmper
karo gamelan uga ana ing Filipina, Malaysia lan Suriname.
Gamelan gadhah jenis miturut daerah
asal, yaiku :
1. Gamelan Jawa
Gamelan Jawa gadhah nada luwih
lembut lan ngagem tempo luwih alon
2.
Gamelan
Sundha
Gamelan Sundha musike mendayu-dayu lan didominasi swara
suling
3. Gamelan Bali
Gamelan Bali gadhah tempo luwih
cepet
Gamelan ingkang
komplit gadhah 2 laras, inggih punika :
1. Laras Slendro
Laras slendro gadhah 5 nada, inggih
punika 1 2 3 5 6 kanthi interval kang padha
2. Laras Pelog
Laras pelog gadhah 7 nada, inggih
punika 1 2 3 4 5 6 7
· Laras inggih punika swara kang ajeg
dhuwure, ora owah, kasebut uga nada.
· Laras slendro (Sl.) inggih punika sistem nada kang manut
cendhak-dhuwure lan interval saka gamelan slendro
· Laras pelog (Pl.) inggih punika sistem nada kang manut
cendhak-dhuwure lan interval saka gamelan pelog
· Titi laras inggih punika notasi nada
kang ditulis manut sistemnada laras lan pathete
· Pathet (Pt.) inggih punika ukuran cendhek-dhuwuring laras,
minangka wates wilayah nada
a. Pathet ing laras slendro iku antarane, pathet nem (6),
pathet sanga (9), lan pathet manyura (Myr)
b. Pathet
ing laras pelog iku antarane, pathet lima (5), pathet nem (6), lan pathet
barang (Br.)
Rericikan gamelan :
a. Kendhang
Yaiku piranti gamelan kang ditabuh
nganggo kombinasi antara tlapakan lan driji (digebug). Jinising kendhang :
- · Kendhang Gendhing/Kendhang Ageng
Kendhang ingkang
paling gedhe ukurane. Ngasilake swara kang cendhek dewe tinimbang kendhang liyane.
- · Kendhang Wayangan/Kendhang Sabet utawa Kosek
Kendhang sing duwe ukuran sedang.
Ngasilake swara kang luwih dhuwur tinimbang kendhang ageng.
- · Kendhang Batangan/Kendhang Ciblon
Kendhang sing duwe ukuran sedang. Biasane
ditabuh kanggo ngiringi tari/jogged lan gendhing.
- · Kendhang Ketipung
Kendhang kang cilik dhewe lan ngasilake swara
paling dhuwur dibanding kendhang liyane.
b. Bedhug
c. Tambur
2. Wujud wilahan
Cara nabuhipun yaiku dithuthuk
a. Gender
− Didamel saking pring lan wesi tipis
− Wonten 2 jenis:
a. Gender Barung
b. Gender Penerus
− Tabuh gender sinebat bendha
b. Slenthem
c. Gambang
− Ukuran wilahan gambang udakara 29 cm nganti 58 cm
− Tabuh gambang ugi sinebat bendha
d. Saron
− Yaiku perangkat gamelan wujud wilahan logam kang kasusun
sandhuwure rancakan kayu
− Wonten 3 jinis saron :
- · Saron Demung (paling ageng ukuranipun
- · Saron Barung/Ricik (ukuranipun antara demung lan peking)
- · Saron Penerus/Peking (ukuranipun paling alit, paling dhuwur swantenipun)
3. Wujud wilahan pencon
Cara nabuhipun yaiku dithuthuk
a. Slentho
b. Gong Kemodhong
c. Kecer
4. Wujud pencon
Cara nabuhipun yaiku dithuthuk
a. Bonang
− Wonten 3 jinis :
- · Bonang Panembung (ukuranipun paling ageng)
- · Bonang Barung (ukuranipun tengah-tengah, kangge mbukani gendhing)
- · Bonang Penerus (ukuranipun paling alit)
b. Kethuk lan Kempyang
− Pigunanipun
kangge tandha ajeging wirama (pamengku wirama) saha nedahaken jinising gendhing
(lancaran, ladrang,ketawang, lsp)
− Tabuhipun sinebat bindi
c. Kenong
− Tumrap saprangkat gamelan ingkang tumbuk laras 6, cacahing kenong padhatan 10 pencon : 1s, 2s, 3s, 5s, 6sp, 1p, 2p, 3p, 5p, 7p.
− Wujud pencon ingkang digantung ing gayor ngagem pluntur
− Tabuhipun sineba gembel
− Saprangkat gangsa tumbuk laras 6, kempul cacah 10, yaiku
laras : 1s, 2s, 3s, 5s, 6sp, 1p, 2p, 3p, 5p, 7p.
e. Gong
− Gadhah 2 jinis :
Paling ageng diametere,
gadhah nada paling cendhek dibanding swara gamelan liyanipun, ditabuh
kangge tandha akhir gendhing kang umum diarani gongan, tinabuhe sinebat gembel
- · Gong Suwukan
Ukuranipun luwih cilik
tinimbang gong ageng, gadhah nada luwih dhuwur tinimbang gong ageng, tabuhipun
sinebat gembel
5. Wujud kawatan
a. Rebab
− Dipun damel saking kajeng utawi gadhing, membrane, saha
kawat
− Cara nabuhipun yaiku digesek
b. Siter
c. Celempung
− Dipun damel saking kajeng saha kawat
− Cara nabuhipun yaiku dipetik
6. Wujud pipa
a. Suling
− Cara ngungelaken yaiku disebul
− Kangge variasi melodi
− Dipun damel saking pring/deling
7. Kemanak
B. UYON-UYON
Uyon- uyon saking tembung
‘manguyu-uyu’ inggih punika pasugatan gendhing mirunggan ing adicara pahargyan
penganten utawa ing pagelaran ringgit purwa, inggih punika saderengipun Ki Dhalang
miwiti makarya ndhalang, dipunwastani ‘patalon’.
Tuladhanipun uyon-uyon :
Lancaran Gugur Gunung, Laras Pelog Pethet Barang
Ayo kanca ayo kanca ngayahi karyane
praja
Kene kene kene kene gugur gunung
tandhang gawe
Sayuk sayuk rukun bebarengan ro kancane
Lila lan legawa kanggo mulyaning
Negara
Siji loro telu papat maju papat
papat
Diulang ulungake mesti enggal
rampunge
Holobis kuntul baris Holobis kuntul
baris
Holobis kuntul baris Holobis kuntul
baris
Pustaka :
http://ki-demang.com/galeria/index.php/gambar-gamelan/
http://nikenanggraenik.blogspot.co.id/
www.google.co.id
Lks Basa Jawa “KAWURYAN”
kelas XI semester 2
Tidak ada komentar:
Posting Komentar