Selasa, 23 Mei 2017

CERKAK



Top of Form
Bottom of Form
CERITA CEKAK
(CERKAK)

A.         Pangertosan Cerkak

Cerita cekak utawi ingkang asring kacekak “Cerkak”, punika salah satunggaling wujud prosa naratif fiktif. Amargi cekakipun cerkak-cerkak ingkang sukses ngandelaken teknik-teknik sastra kados dene tokoh, plot, tema, basa saha insightkanthi langkung wiyar tinimbang karya fiksi ingkang langkung panjang.
Miturut sujarahipun cerkak punika wiwitanipun saking tradhisi cariyos lisan ingkang misuwur.
Cerita cekak limrahipun kirang kompleks  tinimbang novel. Cerkak ingkang limrah cariyosipun namung kadadosan saking setunggal pragmen/adegan, gadhah setunggal plot utawi alur, setting ingkang tunggal, cacahing para ugi winates, cakupan wekdalipun ugi cekak. Menawi kawujudaken cariyos ingkang langsung wiyar, cariyosipun gadhah suraos tartamtu saking struktur dramatis, inggih punika Eksposisi (ingkang nglantaraken setting, wekdal saha paraga baku), Komplikasi (kadadosan ing salebeting cariyos ingkang nepangaken konflik), krisis (wekdal ingkang nemtokaken paraga baku anggenipun tumindak rikala ngadhepi konflik), klimaks (punjering cariyos ingkang dados perangan ingkang wigati piyambak)lan wasana (peranganing cariyos rikala konflik saged karampungaken).

B.          Unsur-unsur Cerkak

Cerkak nggadhahi kalih unsur, inggih punika :
1.    Unsur Instrinsik
Unsur intrinsik inggih punika unsur ingkang wonten ing salebeting cerkak piyambak. Ingkang kaleber unsur intrinsic inggih punika :
a.         Tema inggih punika underaning cariyos ingkang dipunpitados saha dipundadosaken underaning cariyos.
b.        Latar inggih punika panggenan, wekdal, swasana ingkang wonten ing salebetipun cerkak. Cariyos punika kedah cetha, wonten pundi kadadosanipun, wekdal kadadosanipun saha swasana sarta kawontenan rikala kadadosan kasebat kalampahan.
c.         Alur (plot) inggih punika reroncening kadadosan ingkang wonten ing salebeting cariyos. Alur kaperang dados 3 inggih punika :
1)   Alur maju inggih punika reroncening kadadosan ingkang urutanipun manut kaliyan urutaning wekdal kadadosan ingkang wonten ing cariyos utawi cariyosipun tansah lumampah majeng.
2)   Alur mundur inggih punika reroncening kadadosan ingkang urutanipun kadadosan boten miturut urutan wekdal kadadosan utawi cariyos ingkang lampahipun mundur.
3)   Alur campuran inggih punika campuran antawisipun alur maju kaliyan alur mundur.
Alur kaperang dados pinten-pinten tataran, inggih punika :
1)   Pangantar inggih punika perangan cariyos ingkang awujud gegambaran wekdal, panggenan saha kadadosan ingkang wonten ing wiwitanipun cariyos.
2)   Wiwitaning perkawis inggih punika peranganing cariyos ingkang minangka gegambaran prekawis ingkang dipunadhepi dening paraga cariyos.
3)   Klimaks inggih punika prekawis ingkang wonten ing cariyos ingkang minangka undering cariyos.
4)   Anti klimaks inggih punika prekawis sekedhik mbaka sekedhik sampun saged dipunlampahi, raos sumelang ugi sampun wiwit ical.
5)   Resolusi inggih punika prekawis sampun saged karampungaken.
d.        Watak inggih punika gegambaran watak utawa karakter paraga-paraga ingkang wonten ing cariyos, bab watak punika saged dipuntingali saking tigang aspek inggih punika :
1)   Pacelathon paraga
2)   Gegambaraning paraga
3)   Gegambaraning blegeripun paraga
Kangge gambaraken watak wantuning setunggaling paraga, panyerat limrahipun ngginakaken teknik :
1)   Teknik analitik, watak wantuning paraga kagambaraken kanthi langsung dening panyerat.
2)   Teknik dramatik, watak wantuning paraga kagambaraken kanthi :
a)        Nggambaraken bab badan saha tindak tandukipun
b)        Nggambaraken lingkungan gesangipun paraga
c)        Basa ingkang kaginakaken paraga
d)       Cara anggenipun mikir saking paraga
e)        Cara wontenipun paraga sanes
e.         Nilai (amanat)/ piwulang luhur inggih punika piweling ingkang badhe kaaturaken dening panganggit lumantar cariyos utawi piwulang ingkang badhe kaparingaken dhateng soksintena ingkang purun mais cariyos dening panyerat.
f.          Cara panyerat nyariosaken (sudut pandang) inggih punika kalenggahanipun panyerat rikala nyariosaken. Sudut pandang punika wosipun kapantha dados kalih, inggih punika :
1)   Minangka tiyang ingkang kapisan, panyerat ndherek minangka paraga ing cariyos ingkang kacariyosaken.
2)   Minangka tiyang kaping tiga, panyerat minangka dhalang ing cariyosipun.
g.    Gaya bahasa/lelewaning basa
2.    Unsur Ekstrinsik
Unsur ekstrinsik inggih punika unsur-unsur ingkang wontenipun ing sanjawinipun cariyos, ananging gadhah pangaribawa ingkang boten langsung ing cariyos punika. Unsur ekstrinsik punika :
a.         Nilai-nilai ing salebetipun cariyos (agami, kabudayan, politik, ekonomi)
b.         Latar belakang gesangipun panganggit.
c.         Kahanan sosial rikala cariyos dipundamel.
Nemtokaken punapa ingkang saged dipundadosaken titikan anggenipun milih cerkak saking wujud cariyos fiksi sanesipun ingkang langkung panjang taksih dados pirembagan para sastrawan. Salah satunggaling teges saking cerkak inggih punika kedah saged dipunwaos ngantos rampung ing satunggaling wekdal rikalanipun lelenggahan. Teges-teges sanesipun nyebutake cekak saha panjangipun saged katingal saking cacahipun tembung-tembungipun inggih punika 7.500 tembung.
C.      Caranipun Damel Cerkak
1.    Angen-angen pengalaman ingkang sampun kalampahan. Lajeng pados tema ingkang trep kaliyan pemanggihipun piyambak.
2.    Damel cengkorongan (kerangka) cerkak.
3.    Mekaraken cengkorongan dados cerkak.
4.    Ingkang perlu dipungatosaken inggih punika :
a.    Kedah wonten prekawis
b.   Wonten permasalahanipun (konflik)
c.    Wonten endingipun (anti klimak)
D.      Bedanipun cerkak kaliyan novel
No
Cerkak
Novel
1
Cariyosipun cekak
Cariyosipun dawa
2
Perkawis ingkang dicariyosaken setunggal
Perkawis ingkang dicariyosaken luwih saking setunggal
3
Cacahipun paraga sekedhik/winates
Cacahipun paraga kathah
4
Cacahing tembung antara 1.000-20.000
Cacahipun tembung luwing saka 20.000

E.       Tuladha

SANDAL ANYAR
          Ing pasar adhine Eka ngrengek njaluk sandal anyar. Sandale adhine emang wis bodol lan wis ora ana rupane. Adhine Eka jenenge Rina,sing umure 5 taun. Eka sayang banget karo adhine, merga iku adhine siji-sijine. Eka saking keluarga sing ora mampu, bapake mung kerja dadi  buruh bangunan lan ibune dadi tukang ngumbai ing desane.
 “Mba tukokake sandal sing werna pink iku loh, ketone apik temen,” njaluke Rina sing arep nangis.
“Mba ora duwe duwit,Rin. Kiye duwite arep nggo tuku sayur tok,” jawabe Eka sing melas karo adhine.
          Senajan ora ditukokke Rina tetep meneng nerima. Bocah cilik kuwe wis ngerti angger kehidupane rekasa, nggo mangan bae kurang apa maning tuku sandal.
          Sewise saking pasar lan tuku sayuran Eka bali menyang omahe sing kaya gubuk tapi tetep rapi angger disawang, amarga Eka bocah sing sregepan lan manutan. Omahe saking pring sing dianyam lan atepe wis pada rapuh dipangan rayap, nanging ngarep omahe akeh wit kembang sing pada mekar.
          Senajan Eka saking keluarga sing ora  mampu, nanging bapake pingin Eka dadi wong sukses lan pingin nyekolahke nganti perguruan tinggi. Bapake ora kecewa amarga Eka termasuk siswa sing pinter ing sekolahane. Wengine pas Eka arep sinau lan bapake sing nembe bali kerja mereki Eka.
“Ka, kowe harus dadi  wong sing berguna lan ngelebihi bapak sing mung dadi buruh bangunan,” ngendikane bapake Eka.
“Nggih pak,kula ajeng usaha,”
          Esuk-esuk sing atis banget Eka wis tangi lan nyiapake sepeda sing arep dienggo neng sekolah. Eka nguja mangkat esuk merga Eka arep melu lomba Cerdas Cermat sing dianakake SMA. Sewise siap Eka pamitan karo wong tuwane.
 “Pak, Bu, kula badhe manggat rumiyin. Moga-moga kula saged dados juara lomba lan saget mundut sandal kangge Rina,” pamitane Eka karo jabattangan wong tuwane.
“Ya, Amin. Ati-ati ya Ka,” ngendikane bapake.
“Mba, mengko tuku sandal ya?”adhine sing sumringah ngerti angger arep ditukokke sandal anyar.
          Tibaning sekolahan Eka deg-degan amargi sekolahane wis rame lan ana peserta liya sekolah. Ing sekolah uga dipasang umbul-umbul werna-werni, tembok sekolah wis dicet werna orange sing apik.
          Ing lomba Eka bisa njawab soal sing diwacakake dewan juri nganti bener. Kiye wektune pengumuman juara ,ternyata sing oleh  juara 1 kuwe Eka. Eka langsung nerima piala karo amplop sing isine piagam ditambah duwit pembinaan. Eka bali menyang omah karo sumringah gole ngonthel sepedane.
“Assalamualaikum. Bu,pak.”
“Wa’alaikum salam, ana apa Ka?”pitakone ibune Eka.
“Bu, kula nrima juara 1 lan Rina bakal duwe sandal anyar.”
“Alhamdulilah,Ka. Anake Ibune pinter temen. Ibune tambah sayang maring kowe.”ngendikane ibune sing sumringah lan bangga.
           Sore-sore,sewise ganti klambi Eka ngajak Rina adhine menyang pasar tuku sandal anyar.
“Tuku sandal sing werna apa Rin?” pitakone Eka maring adhine.
“Sing werna pink mba!”
          Langsung bae Eka tuku sandal sing dipingini adhine. Ing jero atine Eka lega merga  wis bisa nuruti kepinginan adhine ngganggo jerih payahe dewek.
“Matur nuwun ya mba.”
          Atine Eka tambah bungah.


Pustaka :
http://muhammadalifinsetiaji.blogspot.co.id/2014/09/contoh-cerkak-beserta-unsur-intrinsik.html

LKS Bahasa Jawa Kelas XI Semester 2


Senin, 22 Mei 2017

Kawruh Gamelan lan Uyon-Uyon





Kawruh Gamelan lan Uyon-Uyon

                         GAMELAN


Gamelan miturut Baoesastra Djawa W.J.S Poerwadarminta inggih punika arane tetabuhan kang rericikane akeh banget. Bahan ingkang biasane dinggo gawe gamelan arup perunggu utawa gangsa (campuran tembaga lan timahsari), kuningan saha barut (wesi lan plat).
Gamelan iku salah sijiné seni musik tetabuhan tradhisional aseli saka Indonésia utamané ing pulo Jawa, Madura, Bali lan Lombok.Tembung gamelan dhéwé iku asalé saka basa Jawayaiku "gamel" kang duwé  makna "tabuh".Isi gamelan iku saprangkat piranti musik sing dienggo ngiringi tembang, utawa ditabuh tanpa tembang minangka klenèngan. Jinis musik iki kasebar nganti tekan pulo-pulo ing saindenging tlatah Nusantara lan saiki malah wis kasebar rata nganti Amérika, Ã‰ropah lan tlatah liyané.Jinis musik tradhisional liya sing mèmper karo gamelan uga ana ing Filipina, Malaysia lan Suriname.

Gamelan gadhah jenis miturut daerah asal, yaiku :
                              1.      Gamelan Jawa
Gamelan Jawa gadhah nada luwih lembut lan ngagem tempo luwih alon
                              2.       Gamelan Sundha
Gamelan Sundha musike mendayu-dayu lan didominasi swara suling
                              3.      Gamelan Bali
Gamelan Bali gadhah tempo luwih cepet

     Gamelan ingkang komplit gadhah 2 laras, inggih punika :
                              1.            Laras Slendro
Laras slendro gadhah 5 nada, inggih punika 1 2 3 5 6 kanthi interval kang padha
                              2.            Laras Pelog
Laras pelog gadhah 7 nada, inggih punika 1 2 3 4 5 6 7
·       Laras inggih punika swara kang ajeg dhuwure, ora owah, kasebut uga nada.
·    Laras slendro (Sl.) inggih punika sistem nada kang manut cendhak-dhuwure lan interval saka gamelan slendro
·       Laras pelog (Pl.) inggih punika sistem nada kang manut cendhak-dhuwure lan interval saka gamelan pelog
·       Titi laras inggih punika notasi nada kang ditulis manut sistemnada laras lan pathete
·       Pathet (Pt.) inggih punika ukuran cendhek-dhuwuring laras, minangka wates wilayah nada
a.     Pathet ing laras slendro iku antarane, pathet nem (6), pathet sanga (9), lan pathet manyura (Myr)
b.   Pathet ing laras pelog iku antarane, pathet lima (5), pathet nem (6), lan pathet barang (Br.)

Rericikan gamelan :

                                           1.            Wujud Tebokan
Cara nabuh inggih punika dithuthuk, ditabok, utawa digebug
                                                                      a.            Kendhang
Yaiku piranti gamelan kang ditabuh nganggo kombinasi antara tlapakan lan driji (digebug). Jinising kendhang :

  • ·         Kendhang Gendhing/Kendhang Ageng

      Kendhang ingkang paling gedhe ukurane. Ngasilake swara kang cendhek dewe tinimbang        kendhang liyane.


  • ·         Kendhang Wayangan/Kendhang Sabet utawa Kosek
Kendhang sing duwe ukuran sedang. Ngasilake swara kang luwih dhuwur tinimbang kendhang ageng.


  • ·         Kendhang Batangan/Kendhang Ciblon
 Kendhang sing duwe ukuran sedang. Biasane ditabuh kanggo ngiringi tari/jogged lan gendhing.


  • ·         Kendhang Ketipung
 Kendhang kang cilik dhewe lan ngasilake swara paling dhuwur dibanding kendhang liyane.

                                                                      b.            Bedhug
                                                                     c.            Tambur


                                            2.            Wujud wilahan
Cara nabuhipun yaiku dithuthuk
                                                                     a.            Gender
        Didamel saking pring lan wesi tipis

        Wonten 2 jenis:    a. Gender Barung
                                     b. Gender Penerus
        Tabuh gender sinebat bendha

                                                                    b.            Slenthem
                                                                      c.            Gambang
        Ukuran wilahan gambang udakara 29 cm nganti 58 cm
        Tabuh gambang ugi sinebat bendha
                                                                     d.            Saron
        Yaiku perangkat gamelan wujud wilahan logam kang kasusun sandhuwure rancakan kayu
        Wonten 3 jinis saron :

  • ·    Saron Demung (paling ageng ukuranipun
  • ·   Saron Barung/Ricik (ukuranipun antara demung lan peking)
  • ·  Saron Penerus/Peking (ukuranipun paling alit, paling dhuwur swantenipun)
                         3.            Wujud wilahan pencon
Cara nabuhipun yaiku dithuthuk
                                                 a.            Slentho
                                                 b.            Gong Kemodhong
                                                 c.            Kecer
                         4.            Wujud pencon
Cara nabuhipun yaiku dithuthuk
                                                 a.            Bonang
        Wonten 3 jinis :

  • ·        Bonang Panembung (ukuranipun paling ageng) 
  • ·     Bonang Barung (ukuranipun tengah-tengah, kangge mbukani gendhing)
  • ·         Bonang Penerus (ukuranipun paling alit)
      
                                                 b.            Kethuk lan Kempyang

   Pigunanipun kangge tandha ajeging wirama (pamengku wirama) saha nedahaken jinising gendhing (lancaran, ladrang,ketawang, lsp)
        Tabuhipun sinebat bindi
                                                 c.            Kenong

   Tumrap saprangkat gamelan ingkang tumbuk laras 6, cacahing kenong padhatan 10 pencon : 1s, 2s, 3s, 5s, 6sp, 1p, 2p, 3p, 5p, 7p.    

 d.            Kempul
        Wujud pencon ingkang digantung ing gayor ngagem pluntur
        Tabuhipun sineba gembel
        Saprangkat gangsa tumbuk laras 6, kempul cacah 10, yaiku laras :  1s, 2s, 3s, 5s, 6sp, 1p, 2p, 3p, 5p, 7p.

                                                 e.            Gong
        Gadhah 2 jinis :

  • ·         Gong Ageng
   Paling ageng diametere, gadhah nada paling cendhek dibanding swara gamelan liyanipun, ditabuh kangge tandha akhir gendhing kang umum diarani gongan, tinabuhe sinebat gembel 


  • ·         Gong Suwukan
Ukuranipun luwih cilik tinimbang gong ageng, gadhah nada luwih dhuwur tinimbang gong ageng, tabuhipun sinebat gembel

                         5.            Wujud kawatan
                                                 a.            Rebab
        Dipun damel saking kajeng utawi gadhing, membrane, saha kawat
        Cara nabuhipun yaiku digesek 

                                                 b.            Siter                         
                                                 c.            Celempung
        Dipun damel saking kajeng saha kawat
        Cara nabuhipun yaiku dipetik
                     
              6.            Wujud pipa
                                                 a.            Suling
        Cara ngungelaken yaiku disebul
        Kangge variasi melodi
        Dipun damel saking pring/deling

                         7.            Kemanak


                       B.     UYON-UYON
             Uyon- uyon saking tembung ‘manguyu-uyu’ inggih punika pasugatan gendhing mirunggan ing adicara pahargyan penganten utawa ing pagelaran ringgit purwa, inggih punika saderengipun Ki Dhalang miwiti makarya ndhalang, dipunwastani ‘patalon’.

Tuladhanipun uyon-uyon :

Lancaran Gugur Gunung, Laras Pelog Pethet Barang

Ayo kanca ayo kanca ngayahi karyane praja
Kene kene kene kene gugur gunung tandhang gawe
Sayuk sayuk rukun bebarengan ro kancane
Lila lan legawa kanggo mulyaning Negara
Siji loro telu papat maju papat papat
Diulang ulungake mesti enggal rampunge
Holobis kuntul baris Holobis kuntul baris
Holobis kuntul baris Holobis kuntul baris
 




Pustaka :

http://ki-demang.com/galeria/index.php/gambar-gamelan/
http://nikenanggraenik.blogspot.co.id/

www.google.co.id

Lks Basa Jawa “KAWURYAN” kelas XI semester 2

CERKAK

Top of Form Bottom of Form CERITA CEKAK (CERKAK) A.          Pangertosan Cerkak Cerita cekak utawi ingkang asring k...